Teks Bahasa Jawa tentang Siapa itu Nakula? (Sapa kuwi Nakula?)


N A K U L A


Sapa kuwi Nakula ?
Nakula kuwi kalebu ing Pandhawa. Dasanamane Nakula yaiku Madreya, Grantika, Damagranti, lan Awisuta. Nakula kuwi putanipun Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Madrim. Nakula nduweni kembaran, jenenge Sadewa. Lan nduweni telu sedulur sing luwih tua nanging liya ibu yaiku Yudhistira, Bima, lan Arjuna.




Watake Nakula
Nakula nduweni watak apik yaiku :
1.     Setya tuhu ing janji
2.     Bekti marang tiyang sepuh
3.     Lakune jujur, prasaja, ora gelem guyonan, teges tur kenceng (dhisiplin)
4.     Yen tandang ora gelem leren yen durung rampung pagaweane
5.     Ora lumuh tur ora gampang bosenan
6.     Mandhiri lan ora aleman
7.     Ora nduwe musuh
Nanging Nakula yo nduweni   watak ala yaiku nuduhake kebagusan rupane.
Nakula nduweni keahlian ing angon jaran lan sapi.

Garwa lan Putrane Nakula
            Nakula nduweni 2 garwa, sing kasiji yaiku Dewi Sayati, putri Prabu Kridakirata. Saka kawinan kasebut, lair 2 putra jenenge Bambang Pramusinta lan Dewi Pramuwati.
          Menawi garwane sing keloro yaiku Dewi Srengganawati, putri Resi Badawanganala. Saka kawinan iki, Nakula oleh anugerah cupu pusaka sing isine banyu kauripan, jenenge Tirtamanik.

Musuh lan Kancane Nakula
            Musuhe Nakula yaiku Kurawa amarga 5 sedulur utawa Pandhawa iku uga musuhan karo Kurawa, sepupune dhewe. Akhire kedadeyan perang Barathayuda.
          Nanging Nakula yo nduweni kanca jenenge Khrisna lan Balaram saka Kerajaan Duaraka.

Comments

Popular posts from this blog

Contoh Teks Pewara / Pranatacara dalam Bahasa Jawa

Tugas SBK : Contoh Nirmana Titik, Garis, Bidang, Gempal, dan Tekstur

Tugas Bahasa Indonesia Memahami Struktur dan Kaidah Kebahasaan Teks Opini/Editorial “Menjual Sembari Menjaga Nirwana"