Mengubah Teks Prosa menjadi Teks Drama “Pitik Mogok Mangan” dalam Bahasa Jawa


“Pitik Mogok Mangan”
1.      Teks Prosa     :
Bar nganakake pengajian Mbak Sri ngresiki ruang tamu karo njukuki turah-turahan suguhan sing ora dipangan karo tamune. Salah siwijining panganan yaiku lumpia sing sajake wis rada lawas. Lumpia iku akeh sing kur dicokot sithik karo tamune nanging ora dienthekake. Mbak Sri ngambu lumpia kuwi, banjur celathu menawa lumpiane wis rada banger. Apike dipakakke pithik wae. Ndilalahe pithike Mbak Sri krungu omongan iku banjur grenengan marang kancane.  Wasan rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Sri njukuk lumpia  sak gegem,  diuncalke ning lemah ben dipangan pithike.  Ananging pithik loro kuwi malah kur ngeker-eker lumpia nganthek sumebar tekan ngendi-endi.  Babar pisan ora gelem mangan.
Segane dilebokake ning trempolong ben dipangan pithike. Nanging pithike malah kur nendang-nendang trempolong nganthek segane tumplak. Mbak Sri bingung, apa sebape pithik ireng tok sing gelem mangan nanging pithik liyane ora gelem mangan.Untunge dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis njamur.  Mbok menawa pithike doyan roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja, banjur dioncalke ning ngarepe pithike. Ternyata padha wae nasibe karo lumpia banger lan sega mambu. Roti jamuran iku blas ora dipangan karo pithike. Malah ditendang-tendang ngantek kontal ning ndalan.
Mbak Sri kaget marang pokale pithike. Dumadakan Mbak Yuli tangganemetu saka omah karo nuntun anake sing melet-melet kepedesen merga mangan arem-arem.Weruh mbokne ponakane yaiku Mbak Yuli metu saka omah, Mbak Sri banjur cerita menawa pithike dho ora doyan mangan. Pithik Blorok kaget banget  krungu usulan dheweke dibeleh wae.  Blorok tambah kaget wasan weruh Pithik Putih ujuk-ujuk notholi lepehan arem-arem. Pithik loro kuwi rebutan ngentekke lepehan  arem-arem.  Mbak Sri lan Mbak Yuli dadi gumun. Pithik sing mau ora doyan lumpia, sega lan roti kok saiki malah rebutan lepehan arem-arem.





2.      Teks Drama   :
            Bar nganakake pengajian Mbak Sri ngresiki ruang tamu karo njukuki turah-turahan suguhan sing ora dipangan karo tamune. Salah siwijining panganan yaiku lumpia sing sajake wis rada lawas. Lumpia iku akeh sing kur dicokot sithik karo tamune nanging ora dienthekake. Mbak Sri ngambu lumpia kuwi, banjur celathu menawa lumpiane wis rada banger. Apike dipakakke pithik wae. Ndilalahe pithike Mbak Sri krungu omongan iku banjur grenengan marang kancane.

Pithik Blorok :  “Wah lumpia sing wis mambu kae mesthi dipakakke aku!”

Pithik Putih    : Loh njuk ngapa tho?

Pithik Blorok :Awake dhewe wiwit mbiyen dipakani sing mambu-mambu terus, ora tau sing enak-enak. Mbok pisan-pisan ora sah dienteni mambu!.  Makani barang apik ora iso opo piye?”

Pithik Putih    :Hooh bener Blo!. Awake dhewe kur diwenehi turah-turahan. Nek ngono mengko ethok-ethok ora donyan mangan wae po”

Pithik Blorok : Bener Put! Engko nek diwenehi lumpia dieker-eker wae rasah dipangan.”

Pithik Ireng    : “Wes toh disyukuri ae apa anane. Ojo mung milih milih mangan!”

Pithik Putih    : “Opo toh lah kok ngomen ae we iki? Lah opo jareku tho?”

Pitihik Blorok: “Iyo, ojo melu melu kowe iku, yen gah melu rumancangane kene yo wes, ojo melu melu!”

            Wasan rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Sri njukuk lumpia  sak gegem,  diuncalke ning lemah ben dipangan pithike.  

Pithik Putih    :Wes ojo dipangan, genengno ae yo?”

Pithik Blorok : “Iyo ben ae, eker eker ae wes. Ra usah dipangan!”

Pithik Ireng    : “ Wess wess ra tau bersyukur cah loro iku!”

            Ananging pithik loro kuwi malah kur ngeker-eker lumpia nganthek sumebar tekan ngendi-endi.  Babar pisan ora gelem mangan.

Mbak Sri        : “Lah kok aneh? Pithik pithik kuwi la kok ra gelem mangan. Lah kok dieker eker tok? Opoo pithiku iku?”

Weruh pithike ora doyan lumpia, Mbak Sri  banjur njukuk sega mambu ning pawon.

Mbak Sri        : “Ya wis tak jupuke sega turahan mau iku wes, sapa wero pithik pithik iku doyan.”

            Segane dilebokake ning trempolong ben dipangan pithike. Nanging pithike malah kur nendang-nendang trempolong nganthek segane tumplak.

Pithik Ireng    : Wis iku loh panganen segone. Ketimbang awakmu loro keluwen!”

Pithik Putih    : “Opo toh lak kok ngurus ngurus? Sego kuei sego mambu! Aku emoh mangan sego turah-turahan ngunu kuwi!”

Pithik Blorok : “Iyo, la mosok kene dipangani sego turah-turahan ben dino?”

Pithik Ireng    : “Yen ra gelem yo wes, tak pangane!”

Pithik Putih    : “Age panganen wes, aku se ora!”

Mbak Sri bingung, apa sebape pithik ireng tok sing gelem mangan nanging pithik liyane ora gelem mangan.

Mbak Sri        : “Lah kok pithik ireng tok sing mangan? Opoo pithik ku sing liyane? La kok aneh banget tho?”

Untunge dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis njamur.  Mbok menawa pithike doyan roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja, banjur dioncalke ning ngarepe pithike.

Mbak Sri        : “Muga muga pithik ku padha donyan mangan roti iki.”

Ternyata padha wae nasibe karo lumpia banger lan sega mambu. Roti jamuran iku blas ora dipangan karo pithike. Malah ditendang-tendang ngantek kontal ning ndalan.

Pithik Putih    : “Ben ojo dipangan!”

Pithik Blorok : “Iyo, yen mambu mambu ga enak enak mesti diparakno nang kene!”

Mbak Sri kaget marang pokale pithike.

Mbak Sri        : “Piye iki? Ya aku kudu piye?Yo wes ben dhisik wes. Mengko mengko lak yo dipangan dewe!”

Dumadakan Mbak Yuli tangganemetu saka omah karo nuntun anake sing melet-melet kepedesen merga mangan arem-arem. 

Mbak Yuli      : “Kowe ki durung doyan pedes Le, wis dilepeh wae arem-areme”

Weruh mbokne ponakane yaiku Mbak Yuli metu saka omah, Mbak Sri banjur cerita menawa pithike dho ora doyan mangan.

Mbak Sri        : “Opo’o toh mbak?”

Mbak Yuli      : “Iki lho mbak bagus mangan arem arem. arem areme pedhes, wis tak kandani lah kok jengkel ae!”

Mbak Sri        :  “Oalah.. Iku toh”
Mbak Yuli      : “Lah sampeyan punapa mbak lah kok koyo bingung ngunu?”

Mbak Sri        : “Iyo mbak, iki loh pithik-pithik ku la kok padha ra donyan mangan. Tak wenehi lumpia mung mek dieker eker, tak wenehi sego tak wenehi roti yo tetep ra donyan!”

Mbak Yuli      : “Wooo, sajake pithikmu padha gering ki, saiki lagi musim Penyakit Tetelo loh!”

Mbak Sri        :Wooo ngono tho, nek ngono digolekke obat apa ya”

Mbak Yuli      :Rasah diobati. Dibeleh wae. Soale mengko malah nulari kanca-kancane.Iki mbak sego lepehane bagus, tak wenehno pithike sampeyan yo. Sopo wero gelem.”

Mbak Sri        : “Iyo wis mbak rapopo”

Pithik Blorok kaget banget  krungu usulan dheweke dibeleh wae.  Blorok tambah kaget wasan weruh Pithik Putih ujuk-ujuk notholi lepehan arem-arem.

Pithik Blorok : Kowe ki piye tho ? Awake dhewe wis nolak mangan sega, kok malah trima mangan lepehan arem-arem ki piye. Rak yo luwih njijiki tho?.

Pithik Putih    :Timbangane dibeleh, aku milih mangan lepehan arem-arem wae.  Ben kowe wae sing ora doyan mangan luwih pantes dibeleh..”

Pithik Blorok :Enak wae.  Aku ya ora gelem dibeleh ki.....”  (Pithik Blorok banjur cepet-cepet melu notholi lepehan arem-arem karo mripate merem amarga jijik)

Pithik Ireng    : “Diwenehi lumpia ra gelem. Diwenehi roti lan sego mau ra gelem, saiki arep mangan sego lepehan. Piye kowe cah cah...”

Pithik loro kuwi rebutan ngentekke lepehan  arem-arem.  Mbak Sri lan Mbak Yuli dadi gumun. Pithik sing mau ora doyan lumpia, sega lan roti kok saiki malah rebutan lepehan arem-arem.

Mbak Sri        : “Loh mbak lah kok aneh pithik ku lah kok malih donyan mangan?”

Mbak Yuli      : “Iyo mbak lah kok aneh, malah donyan lepehan arem arem. Jannn jann aneh tenan pithik pithik kuwi! Lucu tenan pithik jaman saiki.”

Comments

Popular posts from this blog

Contoh Teks Pewara / Pranatacara dalam Bahasa Jawa

Tugas SBK : Contoh Nirmana Titik, Garis, Bidang, Gempal, dan Tekstur

Tugas Bahasa Indonesia Memahami Struktur dan Kaidah Kebahasaan Teks Opini/Editorial “Menjual Sembari Menjaga Nirwana"