Jawaban Uji Kompetensi Wulangan 5 Buku Paket Bahasa Jawa untuk Kelas 12 SMA


Uji Kompetensi Wulangan 5

II. Pilihen wangsulan sing bener kanthi menehi tandha silang (X)!


1.        B.
2.        C.
3.        A.
4.        A.
5.        A.
6.        E.
7.        C.
8.        B.
9.        D.
10.    D.
11.    C.
12.    D.
13.    A.
14.    D.
15.    B.



III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1.        Seni pertunjukan yaiku salah sawijining aksi individu utawa kelompok kang dipentasake ing panggonan lan wektu tartamtu. Lumrahe ngelibatna 4 unsur yaiku wektu, ruang, awak si seniman lan interaksi antara seniman lan pamiyarsa.
2.        Sing kalebu seni pertunjukan tradhisional yaiku wayang kulit, kethoprak, ludruk, panembrama, tari Reog Ponorogo, lan sapanunggalane.
3.        Struktur pagelaran wayang kulit:
·      Jejer pathet 6 ditegesi adegan utawa bageyan dhasar. Sajroning babak pathet 6 ana adegan-adegan:
a.    Kedhatonan, tegese adegan ing sajroning kraton nalika persidhangan ngrembug sawijining prakara..
b.    Paseban jaba, tegese adegan patih ngaturake apa kang dadi punjere saka persidhangan utawa tata bala.
c.    Bedholan, tegese raja ninggalake persidhangan ditandai dening dhalang nyabut wayang saka gedhebog gedhang.
d.   Jejer sabrangan, tegese adegan kerajaan ala sing dipimpin karo buto.
e.    Perang gagal, tegese perang kasiji antara kerajaan apik lan kerajaan ala utawa antara prajurit apik lan prajurit ala.
·      Pathet 9 ditegesi adegan nalika muncul konflik utawa prakara. Sajroning babak pathet 9 ana adegan:
a.    Gara-gara, tegese adegan nalika punakawan ngrembug. Suasanane bungah lan komedi. Akeh interaksi karo pamiyarsa.
b.    Perang kembang, adegan perang antara ksatria karo buto.
c.    Jejer pandhita, tegese adegan satriya golek pawarta lan pituduh marah pandhita ing panggonan pertapane.
·      Pathet Manyura ditegesi adegan klimaks nganthi ending crita. Sajroning babak pathet manyura ana adegan:
a.    Werna-werna, tegese adegan-adegan sing duweni hikmah, kayata punakawan lan ksatriya munggah mudun alas.
b.    Para ratu kumpul, tegese para ratu saka kerajaan kumpul.
c.    Perang brubuh, tegese perang kang dadi pungkasane crita antara kerajaan apik lan kerajaan ala sing dimenangake dening kerajaan apik.
4.        Bab-bab sing kudu digatekake nalika nata pentas seni pertunjukan, yaiku:
a.    Wektu               : Kapan seni pertunjukan bakal ditampilake. Wektune kudu ditemtokake.
b.    Papan panggonan : Amarga seni pertunjukan mbutuhake panggonan tartamtu, mula papane kudu disiyapake.
c.    Paraga                    : Paraga sing bakal tampil ing seni pertunjukan kudu disiyapake wiwit kahanan fisik paraga lan kepriye paraga bisa narik kawigaten pamiyarsa.
5.    Gunane dianakake seni pertunjukan mligine seni pertunjukan tradhisional yaiku gawe nglestarekna budaya bangsa Indonesia lan supaya seni pertunjukan tradhisional luwih kaloka ing masyarakat, ora mung wong-wong tuwa lan wong sing ana ing sanggar sing ngerti. Uga supaya budaya Indonesia ora dijupuk karo bangsa asing.

Comments

Post a Comment

Popular posts from this blog

Contoh Teks Pewara / Pranatacara dalam Bahasa Jawa

Tugas SBK : Contoh Nirmana Titik, Garis, Bidang, Gempal, dan Tekstur

Tugas Bahasa Indonesia Memahami Struktur dan Kaidah Kebahasaan Teks Opini/Editorial “Menjual Sembari Menjaga Nirwana"