Contoh Teks Drama dalam Bahasa Jawa "Eyang Kakung"


Eyang Kakung

Ing salah sawijining desa ing Probolinggo, urip mbah-mbah kang lumrah ditimbali Mbah Ojan. Nanging, jeneng saestune Mbah Ojan yaniku Mbah Eko. Mbah Ojan urip sederhana ing njero omah setengah gedheg. Sabendina Mbah Ojan direwangi karo Yuk Holifa.
Mbah Ojan duweni anak jenenge Agung kang wis rabi kaliyan Meme. Oleh satahun, Mbah Ojan akhire kagungan putu, jenenge Shylvi. Nanging, nalika Shylvi umur 1 tahun, Agung dipindahtugas menyang Amerika. Kanthi abot atine, Agung lan Meme nitipna Shylvi menyang Mbah Ojan.
Griyane Mbah.
Bapak & Ibu   : “Assalamu’alaikum Pak..”
Mbah               : “Wa’alaikumsalam. Yuk bukakna lawang, ana dayo.”
Hol                  : “Nggih Pak.”
(Agung lan Meme mlebu)
Mbah               : “Walah dalah anakku! Ayo lungguh lungguh...!”
(Mbah gendong bayi)
Mbah               “Yuk.. gawekna teh yuk..”
Meme              : “Mboten usah repot-repot pun, Pak.”
Mbah               : “Loh, ndak popo kok Nduk. Gawekna teh wis yuk”
(Yuk teko nggowo teh)
Hol                  : “Nyuwun sewu Pak.”
Mbah               : “Iyo Yuk iyo. Ana apa yo kok moro-moro mrene iki?”
Agung             : “Ngapunten nggih pak, kita sedaya datheng mriki nedha ijine bapak. Kula badhe dipindah tugasaken pak kaliyan perusahaan kula dhateng Amerika.”
Mbah               : “Ha? Amerika le? Adoh nemen? Ndak usah dijupuk wis le.”
Agung             : “Mekaten pak, kula badhe dipindah tugasaken amarga teng Amerika kekirangan tenaga ahli male.”
Mbah               : “Adoh nemen le? Ndak iso diganteni ta?”
Agung             : “Kados pundi yo pak, niki kengken saking kantor puser perusahaane kula teng Amerika.”
Mbah               : “Aja wes le. Trus anakmu piye iki? Anakmu sek cilik toh.”
Meme              : “Ngapunten Pak, kula mboten saged bekta Shilvy dhateng Amerika. Dados, Shilvy kula titipaken marang Bapak.”
Mbah               : “Kowe yakin nduk?”
Meme              : “Inggih Pak. Yak napa malih.”
Mbah               : “Banjur, awakmu kapan mulihe?”
Agung             : “Mboten ngertos, Pak. Paling saben enem wulan pisan kawula kondur Pak.”
Mbah               : “Oh yo wes. Dhuh Gusti, mugi-mugi, anak-anakku bisa kasil ing kono yo.
Agung             : “Aamiin Pak, kula pamit nggih pak. Ngresaya jagi Shilvy nggih Pak.”
Meme              : “Matur nuwun nggih pak. Wassalamu’alaikum “
Mbah               : “Waalaikumsalam salam, ati-ati yo ning kunu.”

Ing kala wangsul saking Amerika, pesawat ingkang ditumpangi dening Bapak uga Ibu Shylvi ngalami kacalakaan. Bapak uga Ibu Shylvi dipunprungoaken seda donya. Ngantos mukawis kala....
16 tahun lajeng.....
Shilvy              : “Mbah! Jupukna aku kaos kaki mbah!”
Mbah               : “Nteni nduk.”
Shilvy              : “Cepetan aku kate telat iki!”
Mbah               : “Iki nduk.”
Shilvy              : “kesuon mbah.”
Mbah               : “Nduk, yen ngomong yo sing sopan toh nduk ning wong luwih tuwa. Opo maneh aku iki kan mbahmu nduk.”
Shilvy              : “Halah mbah iki, sekarepku wes!”
Sekar kanca silvi nimbali saking njawi.
Sekar               : “Shilvy....! Shilvy....! Ayo cepetan budhal, selak filme mulai!”
Mbah               : “Loh kok ngono? Kowe ndak sekolah tah nduk?”
Shilvy              : “Ndak usah melu urusane wong enom, mbah iki wes mambu lemah, sek ngurusi aku  ae!”
Mbah               : ”Duh, Gusti....”
Sekar               : “Ayo Shil cepetan. Ndak usah dirungokna omongane mbahmu iku.”
Shilvy              : “Oi. Piye, sido nonton film iki?”
Sekar               : “Sidolah. Tayangan perdana iki. Kene kudu nonton lah.”

(Shylvi mulih, banjur menyang pawon)
Shylvi              : “Yuuk! Yuuk!”
Hol                  : “Ya, nduk. Ana apa to kok rame-rame? Sakna mbahmu tilem iku lo.”
Shylvi              :”Yo, sekarepku wes! Mangkane ndak ana panganane. Aku iki wis luwe.”
Hol                  :”Sepurane, yuk ndak masak. Enjing mau, yuk ngeterna mbahmu nang puskesmas.”
Mbah               :”Ana apa iki kok rame-rame? Mbah ndak isa turu.”
Hol                  :”Niki mbah, Shylvi luwe, nanging mboten enten tedhan. Kula mboten masak enjing wau.”
Shylvi              :”Wis wis. Aku njaluk duit ae! Aku arep mangan nang KFC.”
Mbah               :”Lah dhalah, laopo menyang restoran mung gawe mangan, nduk. Wis lah, tuku sego pecel nang ngarep omah iki ae. Luwih murah lan enak. Mbah ora duwe duit.”
Shylvi              :”Halah, Mbah iki mesti alesane ora duwe duit thok! Shylvi pingin mangan nang KFC koyok Sekar. Yo wis, yen aku ora diwenehi duit, aku arep minggat!”
(Shylvi mblayu metu)
Hol, Mbah       :”Shylvi....!”

Mbahe metu neng plataran, moro-moro mbah tibo.
Hol                  :”Mbah! Mbah! Duh Gusti, piye iki?!”
(Hol nelpon Dokter)
Hol                  :”Halo, Dokter. Tulung, Mbah Ojan semaput. Dokter saged rawuh dhateng mriki? Oh nggih pun.”

(Dokter rawuh)
Dokter             : “Assalamualaikum.”
Silvi                 : “Dokter! Tulung, tulung mbah kula dokter!”
Dokter             : “Nyuwun pangapunten ingkang sanget nggih nduk,kula kedah sanjang menawi... mbahe sampeyan mboten saged wilujeng....”
Silvi                 : “Mboten dok!! Mboten-mbotenipun dok!! Mbah kula niku priyantun        ingkang kuat dok, dinten wingi Mbah taksih waras dok.”
Dokter             : “Ngapunten nggih dik, nanging kula sampun ngudi sesaged kula. Malih, kula nyuwun pangapunten ingkang sanget lan kula tumut berduka. Innalillahiwainnalillahirojiun, Kula tumut berduka nggih mbak, mugi-mugi kaluwarganipun si Mbah diparingi ketabahan. Ngapunten nggih, kula pamit rumiyin.”

Amanat:
·      Kita kudu ngurmati lan ngeregani sapa bae kang luwih tua utawa luwih enom saka awak dewe.
·      Kita kudu manut marang pitutur sing diwenehi dening wong kang luwih tua utawa luwih enom.
·      Kita kudu duweni sikap solah bawa lan sopan santun marang sapa bae.
·      Kita luwih apik gawe unggah-ungguh basa marang wong kang dijak guneman.
·      Kita kudu ngelakokake babagan sing becik supaya ora kuciwa ing tembe mburi.

Comments

Popular posts from this blog

Contoh Teks Pewara / Pranatacara dalam Bahasa Jawa

Tugas SBK : Contoh Nirmana Titik, Garis, Bidang, Gempal, dan Tekstur

Tugas Bahasa Indonesia Memahami Struktur dan Kaidah Kebahasaan Teks Opini/Editorial “Menjual Sembari Menjaga Nirwana"