Gawe Cengkorongan (Kerangka), Nyusun Teks Pewara, lan Tanggap Wacana (Pidhato)


Gawe Cengkorongan (Kerangka), Nyusun Teks Pewara, lan Tanggap Wacana (Pidhato)


Kegiyatan 11: Gawe Cengkorongan lan Nyusun Teks Pewara
Pituduh: 1. Temtokna sawijining adicara nalika awakmu nindakake kegiyatan dadi
pranatacara!
2. Gawea cengkorongan (kerangka) teks pawara (pranata cara) kasebut salaras
karo urut-urutan struktur teks pewara kang bener!
Text Box: Cengkorongan Teks Pewara (Pranatacara)
(6) Salam Pambuka:
Assalamualaikum Wr.Wb

(7) Panyapa:
Kepala SMA N 1 Sentolo ingkang dahat kinurmatan , para guru saha karyawan ingkang kinurmatan, Para Wali murid , tamu undangan ingkang kinurmatan, lan para kanca kadhang ingkang kula trenani.

(8) Pambuka:
Sumangga langkung rumiyin kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng paringa kanugrahan ingkang arupi kasasaran satemah ngantos wekdal menika kula lan panjenengan sedaya saget rawuh ing acara perpisahan kelas XII SMA N 1 Sentolo menika.

(9) Wosing Pranatacara:
Para rawuh ingkang kinurmatan, kula ingkang  jinejer  pinangka pranatacara, langkun rumiyin badhe ngaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun rinacik dening para kadhang panitia :
1. Pambuka
2. Tanggap wacana saking Kepala SMA N 1 Sentolo
3. Tanggap wacana saking Wakil Kelas XII
4. Tanggap wacana saking Wakil Kelas X/XI
5. Selingan
6. Penutup

Mekaten wau rantamaning adicara ingkang badhe lumampah ing wekdal punika
Para rawuh ingkang kinurmatan , ngengeti wekdal ingkang sampun dungkap siyang
3. Susunen teks pewara (pranatacara) kasebut ing buku tugasmu!





























Text Box: langkung prayogi menawi adicara menika enggal dipunwiwiti. Tumampak ing adicara angka setunggal inggih menika Pambuka. Sumangga adicara menika dipunwekasi ndedonga adedasar agaminpun piyambak-piyambak, ndedonga kula dherekaken sumangga
Ndedonga
Adicara ingkang angka kalih inggih menika Tanggap wacana saking Kepala SMA N 1 Sentolo, panjenenganipun Bapak Sulistiyo, dhumateng Bapak Sulistiyo kasumanggakaken
Tanggap wacana
Matur nuwun dhumateng Bapak Sulistiyo. Adicara saklajengipun inggih menika Tanggap wacana saking Wakil Kelas XII, dhumateng sedherek .................... kasumanggakaken
Tanggap wacana
Matur nuwun dhumateng sedherek ...................... Mekaten wau Tanggap wacana saking Wakil Kelas XII . adicara saklajengipun inggih menika Tanggap wacana saking Wakil Kelas X/XI , dhumateng sedherek  ........................... kasumanggakaken
Tanggap wacana
Adicara saklajengipun inggih menika Selingan, sinambi para rawuh ngunjuk saha dhahar nyamikan, sumangga mirsani kesenian tarian tradisional saking para kanca kelas X/XI SMA N 1 Sentolo
Selingan
Matur  nuwun dhumateng para kanca kelas X/XI , sakajengipun adicara ingkang pungkasan inggih menika penutup , pramila sumangga acara ing siyang menika dipun pungkasi kanthi ndedonga sesarengan adedasar agaminipun piyambak-piyambak, ndedonga kula dherekaken sumangga
Ndedonga
Matur nuwun.

(10) Panutup:
Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur . Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur

(11) Salam Panutup:
Wasssalamualaikum Wr. Wb.

Sumber: Kusuma, Dimas. 2015. Contoh Teks Pranatacara (Perpisahan Kelas XII). http://segawama96.blogspot.co.id/2015/01/contoh-teks-pranatacara-perpisahan.html

 






































Kegiyatan 11: Gawe Cengkorongan lan Nyusun Teks Tanggap Wacana (Pidhato)
Pituduh: 1. Pilihen salah siji tema pidhato sing koksenengi!
2. Gawea cengkorongan (kerangka) teks pidhato kasebut salaras karo urut-urutan
struktur teks pidhato kang bener!
3. Susunen teks pidhato kasebut ing buku tugasmu!
Text Box: Cengkorongan Teks Pidhato
(1) Salam Pambuka:
Assalamualaikum Wr.Wb

(2) Panyapa:
Bapak kepala sekolah SMA Negeri 1 Jetis Bantul ingkang kinabekten,
Bapak ibu guru SMA Negeri 1 Jetis Bantul ingkang sinuba ing pakurmatan,
Bapak Ibu staff SMA Negeri 1 Jetis Bantul ingkang kinurmatan,
Saha rencang-rencang, siswa lan siswi SMP Negeri 1 Jetis Bantul ingkang dados bebungahing manah,

(3) Purwaka:
Sak derengipun sumangga kita tansyah ngaturaken raos puji lan syukur kita dumateng Gusti Alloh SWT kanthi sesarengan miyos lafalt hamdalah “Alhamdulillahi robbil ‘alamin” awit saking welas saha asih-Ipun kula sedaya saged makempal wonten menika papan saperlu ngawontenaken perpisahan.
Salamat ugi salam mugi tansah katetepna dumatheng nabi akhiruzzaman nabi panutan kita nabi agung Muhammad SAW, kaluarga, sohabat, para umat sumrambah dumatheng kita sedaya. Amin.

(4) Surasa Basa (Isi):
Wonten satunggaling atur pidato perpisahan kelas bahasa jawa menika keparenga kula minangkani kanca-kanca kelas 12 SMA Negeri 1 Jetis Bantul sekedik matur dumatheng para rawuh sedaya. Ananging menawi wonten kalepatan lan kekirangan ingkang badhe kula aturaken samangkih, saestu kula nyuwun agunging pangaksami.
Sepisan, kula dalah sedaya siswa lan siswi kelas 12 SMA Negeri 1 Jetis ngaturaken agunging panuwun, awit saking kawelasan saha keikhlasan bapak ibu guru ingkang sampun mbimbing, mbiyantu, ugi ngarahaken kita sedaya dumugi samenika wekdal. Sahigga kula sedaya saged lulus 100% anggenipun nderek ujian nasional ing tahun menika.
Text Box: (5) Wigatine/Dudutan (Kesimpulan):
Ingkang nomer tiga, wonten pidato perpisahan kelas bahasa jawa menika kula sakanca nyuwun pamit saking pawiyatan menika konjuk nglajengaken gesang wonten masyarakat ingkang satemenipun.

(6) Pangarep-arep (Harapan):
Mboten kasupen kula sakanca nyuwun tambahing donga pangestu mugi kita sedaya saged ngraih menapa ingkang dados pepingin lan cita-cita kula sedaya.

(7) Wasana (Penutup):
Bapak ibu guru saha para rawuh ingkang bagya mulya,
Mbok bilih namung mekaten ingkang saged kula aturaken dumatheng panjenengan sami. Kathah kalepatan saha atur kula mboten sanes namung saged nyadong agunging samudra pangaksama.

(8) Salam Panutup:
Wa bilahit taufiq wal hidayah. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Sumber: Admin. 2015. Pidato Perpisahan Kelas Bahasa Jawa. http://www.sesorah.com/2015/05/pidato-perpisahan-kelas-bahasa-jawa.html
 







































































Comments

Post a Comment

Popular posts from this blog

Contoh Teks Pewara / Pranatacara dalam Bahasa Jawa

Tugas SBK : Contoh Nirmana Titik, Garis, Bidang, Gempal, dan Tekstur

Tugas Bahasa Indonesia Memahami Struktur dan Kaidah Kebahasaan Teks Opini/Editorial “Menjual Sembari Menjaga Nirwana"