Contoh Teks Pewara / Pranatacara dalam Bahasa Jawa


TEKS PEWARA/PRANATACARA

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
(Kangge para rawuh ingkang agami sanes, kula aturaken salam mugi raharja)

Keluwarga Budi ingkang satuhu kinurmatan
Saha para lenggah ingkang satuhu bagya mulya

Minangka purwakaning atur, sumangga langkung rumiyin kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng paringa kanugrahan ingkang arupi kasasaran satemah ngantos wekdal menika kula lan panjenengan sedaya saget rawuh ing acara tedhak siten putraning Bapak kaliyan Ibu Budi menika.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula ingkang  jinejer  pinangka pranatacara, langkung rumiyin badhe ngaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun rinacik:
1.        Pambuka
2.        Atur pambagya saking Bapak Budi
3.        Tradisi tedhak siten
4.        Donga utawa penutup

Mekaten wau rantamaning adicara ingkang badhe lumampah ing wekdal punika.

Para rawuh ingkang kinurmatan, ngengeti wekdal ingkang sampun dungkap siyang langkung prayogi menawi adicara menika enggal dipunwiwiti. Tumampak ing adicara angka setunggal inggih menika Pambuka. Sumangga adicara menika dipunwekasi ndedonga adedasar agaminipun piyambak-piyambak, ndedonga kula dherekaken sumangga.
Ndedonga
Adicara ingkang angka kalih inggih menika atur pambagya saking Bapak Budi, selaku pihak keluwarga, dhumateng Bapak Budi kasumanggakaken.
Tanggap wacana
Matur nuwun dhumateng Bapak Budi. Adicara saklajengipun inggih menika tradisi tedhak siten kangge jabang bayi Bapak kaliyan Ibu Budi. Dhumateng Bapak kaliyan Ibu Budi kasumanggakaken.
Tradisi Tedhak Siten
Tatacaranipun ingkang angka setunggal yaiku jabang bayi sumangga ditetah midak jadah pitung werna.
Saklajengipun, sumangga jabang bayi diunggahake menyang tangga.
Angka tiga, sumangga jabang bayi dipun lebokaken wonten lebetipun kurungan pitik. Jabang bayi kedah milih piranti kang sampun disediaaken wonten lebet bokor.
Angka sekawan inggih menika adicara tambahan yaiku nyebar beras kuning lan dhuwit. Dhumateng perwakilan keluwarga Bapak kaliyan Ibu Budi kasumanggakaken.
Angka gangsal, sumangga jabang bayi didusi kaliyan kembang setaman.

Mekaten wau rantamaning tradisi tedhak siten. Matur  nuwun dhumateng keluwarga Bapak lan Ibu Budi, saklajengipun adicara ingkangpungkasan inggih menika penutup, pramila sumangga acara ing siyang menika dipun pungkasi kanthi ndedonga sesarengan adedasar agaminipun piyambak-piyambak, ndedonga kula dherekaken sumangga.
Ndedonga
Matur nuwun.

Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur. Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur,

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Comments

Popular posts from this blog

Tugas SBK : Contoh Nirmana Titik, Garis, Bidang, Gempal, dan Tekstur

Tugas Bahasa Indonesia Memahami Struktur dan Kaidah Kebahasaan Teks Opini/Editorial “Menjual Sembari Menjaga Nirwana"