Contoh Teks Drama dalam Bahasa Jawa "Eyang Kakung"
Eyang Kakung
Ing salah
sawijining desa ing Probolinggo, urip mbah-mbah kang lumrah ditimbali Mbah
Ojan. Nanging, jeneng saestune Mbah Ojan yaniku Mbah Eko. Mbah Ojan urip
sederhana ing njero omah setengah gedheg. Sabendina Mbah Ojan direwangi karo
Yuk Holifa.
Mbah Ojan
duweni anak jenenge Agung kang wis rabi kaliyan Meme. Oleh satahun, Mbah Ojan
akhire kagungan putu, jenenge Shylvi. Nanging, nalika Shylvi umur 1 tahun,
Agung dipindahtugas menyang Amerika. Kanthi abot atine, Agung lan Meme nitipna
Shylvi menyang Mbah Ojan.
Griyane
Mbah.
Bapak
& Ibu : “Assalamu’alaikum Pak..”
Mbah : “Wa’alaikumsalam. Yuk bukakna
lawang, ana dayo.”
Hol : “Nggih Pak.”
(Agung
lan Meme mlebu)
Mbah : “Walah dalah anakku! Ayo
lungguh lungguh...!”
(Mbah
gendong bayi)
Mbah “Yuk.. gawekna teh yuk..”
Meme : “Mboten usah repot-repot pun,
Pak.”
Mbah : “Loh, ndak popo kok Nduk.
Gawekna teh wis yuk”
(Yuk
teko nggowo teh)
Hol : “Nyuwun sewu Pak.”
Mbah : “Iyo Yuk iyo. Ana apa yo kok
moro-moro mrene iki?”
Agung : “Ngapunten nggih pak, kita sedaya
datheng mriki nedha ijine bapak. Kula badhe dipindah tugasaken pak kaliyan
perusahaan kula dhateng Amerika.”
Mbah : “Ha? Amerika le? Adoh nemen?
Ndak usah dijupuk wis le.”
Agung : “Mekaten pak, kula badhe dipindah
tugasaken amarga teng Amerika kekirangan tenaga ahli male.”
Mbah : “Adoh nemen le? Ndak iso
diganteni ta?”
Agung : “Kados pundi yo pak, niki kengken
saking kantor puser perusahaane kula teng Amerika.”
Mbah : “Aja wes le. Trus anakmu piye
iki? Anakmu sek cilik toh.”
Meme : “Ngapunten Pak, kula mboten
saged bekta Shilvy dhateng Amerika. Dados, Shilvy kula titipaken marang Bapak.”
Mbah : “Kowe yakin nduk?”
Meme : “Inggih Pak. Yak napa malih.”
Mbah : “Banjur, awakmu kapan mulihe?”
Agung : “Mboten ngertos, Pak. Paling
saben enem wulan pisan kawula kondur Pak.”
Mbah : “Oh yo wes. Dhuh Gusti,
mugi-mugi, anak-anakku bisa kasil ing kono yo.
Agung : “Aamiin Pak, kula pamit nggih
pak. Ngresaya jagi Shilvy nggih Pak.”
Meme : “Matur nuwun nggih pak.
Wassalamu’alaikum “
Mbah : “Waalaikumsalam salam, ati-ati
yo ning kunu.”
Ing kala wangsul saking Amerika, pesawat
ingkang ditumpangi dening Bapak uga Ibu Shylvi ngalami kacalakaan. Bapak uga
Ibu Shylvi dipunprungoaken seda donya. Ngantos mukawis kala....
16
tahun lajeng.....
Shilvy : “Mbah! Jupukna aku kaos kaki
mbah!”
Mbah : “Nteni nduk.”
Shilvy : “Cepetan aku kate telat iki!”
Mbah : “Iki nduk.”
Shilvy : “kesuon mbah.”
Mbah : “Nduk, yen ngomong yo sing
sopan toh nduk ning wong luwih tuwa. Opo maneh aku iki kan mbahmu nduk.”
Shilvy : “Halah mbah iki, sekarepku wes!”
Sekar
kanca silvi nimbali saking njawi.
Sekar : “Shilvy....! Shilvy....! Ayo
cepetan budhal, selak filme mulai!”
Mbah : “Loh kok ngono? Kowe ndak
sekolah tah nduk?”
Shilvy : “Ndak usah melu urusane wong
enom, mbah iki wes mambu lemah, sek ngurusi aku ae!”
Mbah : ”Duh, Gusti....”
Sekar : “Ayo Shil cepetan. Ndak usah
dirungokna omongane mbahmu iku.”
Shilvy : “Oi. Piye, sido nonton film iki?”
Sekar : “Sidolah. Tayangan perdana iki.
Kene kudu nonton lah.”
(Shylvi
mulih, banjur menyang pawon)
Shylvi : “Yuuk! Yuuk!”
Hol : “Ya, nduk. Ana apa to kok
rame-rame? Sakna mbahmu tilem iku lo.”
Shylvi :”Yo, sekarepku wes! Mangkane ndak
ana panganane. Aku iki wis luwe.”
Hol :”Sepurane, yuk ndak masak. Enjing
mau, yuk ngeterna mbahmu nang puskesmas.”
Mbah :”Ana apa iki kok rame-rame? Mbah
ndak isa turu.”
Hol :”Niki mbah, Shylvi luwe,
nanging mboten enten tedhan. Kula mboten masak enjing wau.”
Shylvi :”Wis wis. Aku njaluk duit ae! Aku
arep mangan nang KFC.”
Mbah :”Lah dhalah, laopo menyang
restoran mung gawe mangan, nduk. Wis lah, tuku sego pecel nang ngarep omah iki
ae. Luwih murah lan enak. Mbah ora duwe duit.”
Shylvi :”Halah, Mbah iki mesti alesane
ora duwe duit thok! Shylvi pingin mangan nang KFC koyok Sekar. Yo wis, yen aku
ora diwenehi duit, aku arep minggat!”
(Shylvi
mblayu metu)
Hol,
Mbah :”Shylvi....!”
Mbahe
metu neng plataran, moro-moro mbah tibo.
Hol :”Mbah! Mbah! Duh Gusti, piye
iki?!”
(Hol
nelpon Dokter)
Hol :”Halo, Dokter. Tulung, Mbah
Ojan semaput. Dokter saged rawuh dhateng mriki? Oh nggih pun.”
(Dokter
rawuh)
Dokter
: “Assalamualaikum.”
Silvi
: “Dokter! Tulung, tulung mbah
kula dokter!”
Dokter
: “Nyuwun pangapunten ingkang
sanget nggih nduk,kula kedah sanjang menawi... mbahe sampeyan mboten saged
wilujeng....”
Silvi
: “Mboten dok!!
Mboten-mbotenipun dok!! Mbah kula niku priyantun ingkang kuat dok, dinten wingi Mbah taksih waras dok.”
Dokter : “Ngapunten nggih dik, nanging
kula sampun ngudi sesaged kula. Malih, kula nyuwun pangapunten ingkang sanget
lan kula tumut berduka. Innalillahiwainnalillahirojiun, Kula tumut berduka
nggih mbak, mugi-mugi kaluwarganipun si Mbah diparingi ketabahan. Ngapunten
nggih, kula pamit rumiyin.”
Amanat:
·
Kita kudu
ngurmati lan ngeregani sapa bae kang luwih tua utawa luwih enom saka awak dewe.
·
Kita kudu manut
marang pitutur sing diwenehi dening wong kang luwih tua utawa luwih enom.
·
Kita kudu duweni
sikap solah bawa lan sopan santun marang sapa bae.
·
Kita luwih apik
gawe unggah-ungguh basa marang wong kang dijak guneman.
·
Kita kudu
ngelakokake babagan sing becik supaya ora kuciwa ing tembe mburi.
Comments
Post a Comment